Minggu, 09 Agustus 2009

AKAP (antar kota antar propinsi)

wektu lebaran th 2008 kepungkur,
numpak santoso wis larang pas neng wonosari di oper nyang bus santoso liyane, ning koyone dudu bis santoso la wong ra ono tulisane santoso..tp bis pariwisata,

tuku karcis ono agen santoso ngawen tp bis-e bis pariwisata...iki aku wis curiga pasti ono permainan poro calo/agen bis santoso mumpung podo perlu bis dadi nggolek duit nganggo PT po santoso, lha wis sore jam 3 penumpang ora kebak tp tetep jalan..ono sekitar daerah patuk ngetem nggolek penumpang tambahan nganti 1 jam luwih, wis entuk penumpang lan wis kebak bis jalan..lha ono pertengahan dalan karcis kabeh penumpang di jaluk karo kernete ora ono sing di tinggali karcis.

lha bener to trayek ora sak biasane iki lewat jalur jogja-purworejo-kebumen-cilacap-tasikmalaya-tol cipularang-cikampek-jakarta.

Mumet iki....ketuk cilacap ( majenang ) bis-e rusak AC ne dibeneri ing bengkel biasa 1-2 jam
wis ngono langsung mlaku meneh ing daerah ciamis-tasik keblasuk-blasuk..... scratch

dadi finish ing jakarta jam 09.00 pagi mangkat soko ngawen jam 12 awan


Wis pokoke sak umur umur urip ing indonesia ora pernah numpak bis merk - po bis opo wae ora tahu ngerasakke AMAN, NYAMAN, CEPAT, MURAH lan lia-liane...

nuwun

Tidak ada komentar:

Posting Komentar